Senin, 20 Januari 2020

Materi Kelas XI

GEGURITAN

A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.


B. Ciri - ciri geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
  1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
  2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
  3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan

C. Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jenis - jenising Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

E. Syarat syarat maca Geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
  1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
  3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
  4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan
































Matur suwun











sumber:http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Jumat, 17 Januari 2020

Gamelan Materi Kelas XII

Kawruh Gamelan
Gamelan inggih menika seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
    1.
    KENDHANG AGENG
    Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
    2.
    KENDHANG KETIPUNG
    Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
    3.
    KENDHANG CIBLON
    Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
    4.
     

    Kendhang Wayangan

    Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.
 2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.


Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.
 

Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.


Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.



Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.


Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.

3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.



Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
2.

Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.

Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.


 4. Wujud Pencon

Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.

Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.


Bonang Penerus
3.



Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.


Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.


Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.


Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.


Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.


Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.



5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.


Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.

3.


Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.

6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.


Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.



Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
























sumber:http://avindaekadamayanti.blogspot.com/2017/05/materi-bahasa-jawa-uyon-uyon-lan-gamelan.html?m=1

Tembang Macapat Kelas XI

Tembang Pocung
  • Pangertene tembang Pucung 
pucung iku mucung, pinucung, kluwak, lan tembung kang duwe wanda cung. Tegese kaluwak utawa pucuk. Anggitane Kanjeng Sunan Giri kanggo selingan nalika lagi luntur kekarepane. Duwe pangrasa kang kepenak/bebas. 
  • Pathokan tembang Pucung
Guru lagu        : u,a,i,a
Guru wilangan: 12,6,8,12
Guru gatra      : 4 gatra

  • Watak tembang Pucung 

  • Watake tembang Pucung iku sakepenake ati, lucu, lan ngguyokake. Cocok kanggo nggambarake bab-bab kang ngguyokake lan mung geguyonan, lan sapiturute. 
    • Makna tembang Pucung
    Miturut maknane, tembang Pucung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali saapa-apane, lan turune sakepenake gumantung karep saka sanak kadang kang isih urip.
    • Tuladha tembang Pucung 
    Ngelmu iku kalakone kanthi laku
    Lekase lawan kas
    Tegese kas nyantosani
    Setya budaya pangekese dur angkar

    • Arti Bahasa Indonesia

    Ilmu itu hanya dapat diraih dengan cara dilakukan dalam perbuatan.
    Dimulai dengan kemauan.
    Artinya kemauan yang menguatkan.
    Ketulusan budi dan usaha adalah penakluk kejahatan.

     




















    sumber:
    https://manegeribaureno.files.wordpress.com › ...DOC

    1 RPP XI gnj 13 br SK - WordPress.com