Rabu, 12 Februari 2020

Materi Kelas X

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.


A. Maca lan nanggapi teks wayang


Dewi Kunthi

Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(crita bacute bisa kowaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)


Shinta Kadhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet

katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica

hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa jowa, kaca 95-96)


B. Nemokake tuntunan ing teks wayang


Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawar urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
Dene tuntunan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemia janji, sarta setya.


C. Mbedhah perangane teks wayang


Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.


D. Nulis Sinopsis Wayang


Urut-urutane nulis sinopsis

1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.

2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.

3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.

4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.


5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


Cekap sementen, mbok bilih wonten salah, kula nyuwun agunge pangapunten, MATURNUWUN.



Sumber: Gegaran Nyimak Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA.

Senin, 03 Februari 2020

Materi kelas XI

Pawarta / Berita / News bahasa jAwA
  1. Pengertian

         Pawarta yaiku informasi anyar kang diandharake ana ing tulisan, lisan liwat media elektronik kang nduweni sifat aktual, narik kawigaten / perhatian khalayak (masyarakat umum).
   2. Jenis :
Fakta : bener - bener kedadeyan nyata
Opini. : pinemu, pemikir.
¤Pawarta kudu kritis lan kreatif, kritis tegese yaiku selektif / ora gampang percaya kudu dianalisis, kreatif tegese yaiku ndadekake informasi dadi pawarta.
  3.Unsur pawarta :
   5W + 1H + 1S
What.     : apa.            : berita apa
Who.      : sapa.           : sapa bae ana ing pawarta
Where.   : nangngendi : papan panggonan kedadeyan ing pawarta
When.    : kapan.         : titi wanci / wektu pawarta
Why.       : kenangapa. : apa sebabe ana pawarta
How.       : keprimen.     : keprime kedadean sebab + akibat
Security.  : aman apa ora kejadian kasebut
  4.  Ciri-ciri pawarta :
Tinemu ing akal / nalar / logika
Pepek 5W + 1H + 1S
Basane nyenengake
Narik kawigaten
Struktur ukara trep
Diksine trep
 5. Nilai pawarta :
Cepet
Nyata
Penting
Menarik
 6.Sifat pawarta :
Aktual : anyar
Jarak : paling cepak
Penting
Akibat : duwe akibat
Congkrah : gawe konflik
Tintrim : gawe tegang / khawatir
Kemajuan jaman / kemajuan teknologi
Emosi : gawe rasa
Humor : gawe ngguyu
 7. Perangan pawarta :
Headline : judul / irah - irahan
Deadline : batas waktu,(nyebutake jeneng media massa, papan, lan tanggal kedadeyan.
Lead.      : teras pawarta, paragraf kapisan perangan paing wigati
Body laguage : surasa pawarta / isi pawarta.
¤Etika nulis pawarta :
  Objektif : nulis kanthi apa anane adhedhasar fakta
Cover both side : ora mihak salah siji
¤Teknik nulis pawarta :
Pengorganisasian / ngumpulake fakta utawa data (wawan rembug, kedadean langsung, data - data tinulis)
Nentokake irah - irahan kang wigati
Nentokake lead / teras berita
Milih tembung kang jumbuh karo pawarta lan migunakake alur runtut
Miwiti nulis kanthi temenan
¤Nalika maca pawarta, sing kudu digatekake antarane :
Pangucap kang trep
Pamedho frasa kang trep
Intonasi, nada lan tekanan kang trep
Ngreteni tanda wacan
Suara cetha
Ekspresi kang trep
Ngatur alon cepete maca
Ngolah maca
Mahami wacan
PD (Percaya Diri)
Contoh pawarta :
                       Tuku Mobil Nganggo Galon.  
          SMK Negeri 1 Bawang nembe bae tumbas Mobil nganggo dhuwit kasil adol galon. Miturut Suhardi, ketua Bisnis Center Selasa (3,10) bisnis galon diwiwiti Agustus 2017. Galon - galon kasebut disediakaken saben kelas. Toya unjukan aman dikonsumsi, amargi sampun diuji kandungane, logam berate 17%. Tujuan utamanipun kanggo nyicil Mobil lan keuntungan liyane kanggo ngurangi limbah plastik lan ngirit dhuwit siswa. Saben siswa mbayar 1000 nek mundhut toya galon, nguntungake siswa 1.500.

























Matur suwun 


Sumber: https://sinaubahasajawapawarta.blogspot.com/2018/04/pawartaberitanews.html?m=1

Senin, 20 Januari 2020

Materi Kelas XI

GEGURITAN

A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.


B. Ciri - ciri geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
  1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
  2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
  3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan

C. Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jenis - jenising Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

E. Syarat syarat maca Geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
  1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
  3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
  4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan
































Matur suwun











sumber:http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Jumat, 17 Januari 2020

Gamelan Materi Kelas XII

Kawruh Gamelan
Gamelan inggih menika seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
    1.
    KENDHANG AGENG
    Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
    2.
    KENDHANG KETIPUNG
    Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
    3.
    KENDHANG CIBLON
    Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
    4.
     

    Kendhang Wayangan

    Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.
 2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.


Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.
 

Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.


Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.



Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.


Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.

3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.



Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
2.

Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.

Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.


 4. Wujud Pencon

Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.

Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.


Bonang Penerus
3.



Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.


Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.


Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.


Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.


Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.


Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.



5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.


Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.

3.


Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.

6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.


Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.



Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
























sumber:http://avindaekadamayanti.blogspot.com/2017/05/materi-bahasa-jawa-uyon-uyon-lan-gamelan.html?m=1